Rabu, 07 Oktober 2015

Wateke Lairan Rebo

Dina rebo angkane pitu, rupane ireng, lambange lemah, gunung, pendhita, utawa jaran. Yen kowe biyen lair dina rebo, kena dikira-kira watakku kaya dene jaran. Apa sebabe jaran kae dienggo tumpakan? Sebab jaran kae betah luwe. Kowe sing klairanmu rebo biasane uga betah luwe. Betah ngampet. Betah rekasa. Malah kadhangkala yen disawang wong liya, wong rebo kuwi uripe emoh sugih. Nrima dadi wong mlarat ora apa-apa.
Wong rebo kuwi awas. Kuping lan mripate duwe daya sing luwih tinimbang liyane. Jan kaya kaluwihane jaran. Tanggap marang tekane bebaya sing arep ngribedi. Klebu golongane wong sing tansah kebak dening pangati-ati. Ana kabar apa wae kaprahe luwih dhisik anggone weruh lan ngreti. Dhasare pancen dhemen sinau lan emoh keri babagan owah-owahaning kahanan.
Wong rebo kuwi selalu update. Jan-janeinformasi sing diweruhi mau ya mung arep dienggo ngandhani kancane. Saben dinane ora pati gelem micara. Nanging yen nedheng gelem kojah, omongane akeh, runtut, cetha, ora mboseni. Pinter ndongengi.
Wong rebo ana sing watake kaya lemah kebon: tansah bisa mbantu kanca cedhake. Ana sing kaya lemah sawah: tansah gelem dadi jujugane sedulur lan kanca. Pokoke aja sumelang yen kowe lagi kentekan dhuwit, mara wae menyang omahe si Rebo, mesthi diutangi.
Ana sing kaya lemah tegal: kober nampani pisambate kenalan anyar. Ana sing kaya lemah dalan: nrima dadi lantarane wong mlaku, gelem nuduhake paran sing becik tanpa duwe melik. Sabare turah-turah. Ora pati gelem mendhem gething lan sengit. Luwih seneng ngluputake awake dhewe. Melankolis jadul banget pokoke.
Ana uga wong rebo sing watake kaya lemah pomahan: lila ngayomi wong liya, njenaki, mbetahi, gelem tombok, tur ngangeni. Ana sing kaya lemah kuburan: pinter nyimpen wadine wong liya. Ora seneng mbukak rahasia aibnyakanca. Jangan ragu, yen duwe kanca klairan rebo, dheweke pantes kokdadekake sedulur sinorohwadi: saudara dalam berbagi rahasia, karib dalam berbagi aib. Wis cetha bakal aman terjamin.
Ana sing kaya lemah alas: pinter banget ngrimuk atine wong liya kanthi alus banget nganti ora ketara. Njalari wong liya linglung nanging sing dirimuk ora rumangsa bingung. Hla yen ngene iki, kowe kudu ngati-ati. Kowe bisa klakon kelangan ugeman, malah bisa nganti kelangan iman jalaran saking prigele wong rebo nalika ngetokake aji-aji persuasi. Mesthi memes luwes pantes nanging ora ngetarani.
Kowe sing lair dina rebo diparingi bakat bisa mulang. Malah kadhangkala keladuk seneng ngguroni. Sapa-sapa banjur kokanggep bocah cilik sing butuh diwuruki. Kamangka durung mesthi kabeh kancamu kuwi seneng diwarahi.
Kowe sing duwe kanca klairan rebo kudu legawa. Wong rebo kuwi pilihane mung ana loro. Sing kapisan, sabare turah-turah. Kena diumpamakake, diidak-idaka ora bakal sambat lara, dipecuti ora bakal males nglarani. Nah sing kapindo, ndablege keladuk banget. Yen kleru angel banget dituturi.
Nganggo basane dhalang wayang, wong rebo kuwi ora mendha dening pamiluta, ora mundur dening pitutur, mbegugug makutha waton. Jan kaya gunung tenan. Ora horeg ketiban gludhug. Ora jugrug kesamber bledheg. Ora mentelung nengen mentelung ngiwa senajan ketampeg angin gedhe sindhung riwut bayubajra. Yen disruwe (dikritik) kerep-kerepe mung anteng meneng, kukuh bakuh kaya tugu waja. Nanging batine tansah mbantah, wani sulaya.
Wong rebo kuwi idealis. Yen duwe panemu angel dianyangi. Sugih gagasan nanging kaku atine. Yen ngene ya ngene. Ora bisa digawe ngono. Nanging kuwi mung manggon neng ngarepan. Mengko yen wis kesel anggone anyang-anyangan, mesthi glethek-pethele mung banjur nrima, ya wis ngono ya kena, ora apa-apa.
Pengapesane wong rebo kuwi gampang welas marang wong liya mung jalaran crita. Gampang banget diapusi nganggo swara. Gampang banget precaya marang kojahe wong liya. Satemene ora merga gampangan. Nanging pancen gedhe rasa welase. Ora tegel maido marang wong liya, apa maneh kancane dhewe.
Wong rebo kaprahe seneng mangan enak. Uga betah turu suwe. Kendel luwe nanging seneng nyenyeneng awak, nguja kaenakaning mangan. Kendel melek nanging ijolane turu sakatoge. Satemene pancen etungan. Etungane memet. Emoh rugi. Saapes-apes kuwi mung bak-buk: ora bathi ya ora rugi.
Ana eleke, wong rebo gelem bener dhewe nanging yen salah emoh ijen. Kudu salah bareng-bareng.
Pepenget: iki mung kanggo pancadan kanggo ngilo lan noleh githok bareng. Ngelingi menawa kuwajibane wong urip bareng kuwi meruhi bedane siji mbaka siji. Padha-padha lanange ora kabeh kendel metu bengi. Padha-padha wadone ora mesthi kabeh gampang tangi mruput.  Sing laire dina rebo aja banjur lara ati utawa malah murina ora trima. Sing rumangsa dudu klairan rebo aja banjur ngece lan ngladaki.
Sesuk ganti dina, diudhari mbaka siji ya…
Nuwun.
Mbelinger.com


Tidak ada komentar:

Posting Komentar